Langsung ke konten utama

Postingan

Unggulan

Busana Kejawen Gagrag Ngayogyakarta

Busana kejawèn wigati sanget tumrapipun tiyang Jawi. Panjenengan minangka para mudha kedah mangertosi Busana Jawa mliginipun Busana Jawa Gagrag Nyagogyakarta. Busana Jawapunika ngewrat saliring pralambang utawi pralampita, utaminipun tumrap tiyang Jawa ingkang asring ngginakaken. Busana kejawèn pepak sanget piwulang ingkang sinandi, pepak piwulang – piwulang luhur. Piwulang salebeting busana kejawen punika minangka piwulang ingkang wonten gayutipun kaliyan tumindak manungsa ing ngalam donya, amrih saged laras antawisipun jagad alit lan jagad ageng. Gagayutaipun kaliyan sambetipun manungsa setunggal lan manungsa sanèsipun, punapadéné antawisipun manungsa lan Gusti Ingkang Akarya Jagad.

Postingan Terbaru